TEMBUNG-TEMBUNG BAB TETANEN
1. Ngurit : ndhedher winih pari ing pawinihan
2. Ngluku : ngejur lemah supaya lembut migunakake luku
3. Nggaru : ngratakake lemah sawise di luku
4. Ndhaut : mbedholi winih saka papan pawinihan
5. Ndhayung : gawe ler-leran sawah sing siap ditanduri
6. Nyukoni : maculi pojok-pojokaning sawah sing ora kena luku
7. Tandur : nyeblokake winih pari ana ing sawah
8. Matun : mbubuti suket ing sawah sakiwa tengene tanduran
9. Diwaled : diejur dadi lembut (lemahe)
10.Leleran : lahan awujud lendhut
11.Ngelebi : ngileni banyu nganti ngembeng
12.Merkatak : parine wiwit/lekas padha kuning
13.Merang : gagang pari
14.Lemi : rabuk saka bosokaning tetuwuhan (tumbuhan)
15.Tumungkul : ndhingkluk
16.Tamping : tanggul
17.Tanggul : lemah diunthuk-unthuk urut sapinggiring sawah/dalan/kali
18.Tembok : bendungan
19.Ndhangir : maculi lemah,diaduk lan diresiki regedane
20.Ngrabuk : menehi rabuk
21.Bedheng : punthukan lemah
22.Mbedheng : gawe punthukan lemah
23.Ani-ani : piranti kanggo methiki pari
24.Galengan : tanggul elet-eleting kothakan sawah
25.Wulen : pari sagagang
3 komentar:
Nyebar,gawe winihan,mbanjari
Dimana??
Panen tegese
Tetanen tegese
Posting Komentar