TEMBUNG-TEMBUNG BAB TETANEN
1. Ngurit : ndhedher winih pari ing pawinihan
2. Ngluku : ngejur lemah supaya lembut migunakake luku
3. Nggaru : ngratakake lemah sawise di luku
4. Ndhaut : mbedholi winih saka papan pawinihan
5. Ndhayung : gawe ler-leran sawah sing siap ditanduri
6. Nyukoni : maculi pojok-pojokaning sawah sing ora kena luku
7. Tandur : nyeblokake winih pari ana ing sawah
8. Matun : mbubuti suket ing sawah sakiwa tengene tanduran
9. Diwaled : diejur dadi lembut (lemahe)
10.Leleran : lahan awujud lendhut
11.Ngelebi : ngileni banyu nganti ngembeng
12.Merkatak : parine wiwit/lekas padha kuning
13.Merang : gagang pari
14.Lemi : rabuk saka bosokaning tetuwuhan (tumbuhan)
15.Tumungkul : ndhingkluk
16.Tamping : tanggul
17.Tanggul : lemah diunthuk-unthuk urut sapinggiring sawah/dalan/kali
18.Tembok : bendungan
19.Ndhangir : maculi lemah,diaduk lan diresiki regedane
20.Ngrabuk : menehi rabuk
21.Bedheng : punthukan lemah
22.Mbedheng : gawe punthukan lemah
23.Ani-ani : piranti kanggo methiki pari
24.Galengan : tanggul elet-eleting kothakan sawah
25.Wulen : pari sagagang
Rabu, 27 Februari 2013
Rabu, 16 Januari 2013
Rambu-rambu Lalu Lintas
Rambu-rambu Lalu Lintas, yaiku kabeh pituduh kang ditujokake kanggo para pengemudi ing dalan. Ana sing isine tulisan, angka-angka, huruf, lan gambar. Warnane uga ana sing abang, biru, utawa kuning.
Rambu-rambu Lalu Lintas bisa dikelompokke dadi 4 kaya ing ngisor iki:
1. Rambu Penget/Ngelingake (Peringatan)
2. Rambu Pituduh (Petunjuk)
3. Rambu Pamenging (Larangan)
4. Rambu Prentah (Perintah)

1. Rambu Ngelingake, yaiku rambu kang ngelingake supaya para pengemudi ngati-ati anggone padha nglakokake kendharaane. Biasane rambu iki werna dhasare kuning kanthi list (garis pinggir) ireng.
Conto :

2. Rambu Pituduh, yaiku rambu kang menehi pituduh (petunjuk) utawa katrangan marang pengemudi utawa sing nggunakake dalan liyane. Biasane werna dhasare ijo kanthi tulisan putih.
Conto :
3. Rambu Pamenging, yaiku rambu kanggo menging/ nglarang sapa wae utawa apa wae sing nggunakake dalan. Biasane werna dhasare putih kanthi list abang lan gambar/tulisan putih utawa ireng.
Conto :
4. Rambu Prentah, yaiku rambu kanggo mrentah kabeh sing nggunakake dalan. Biasane werna dhasare biru utawa abang kanthi gambar/ tulisan putih.
Conto :
(Terjemahan bebas saka Wikipedia/Rambu Lalu Lintas)

wayang
Jinis-jinis wayang:

1. wayang beber yaiku wayang saka kain mori kang digambari wayang ditontonake sarana dibeber (dibentangkan) banjur dicritakake.
2. wayang gedhog yaiku wayang sing nyritakake lakon Panji.
3. wayang golek/ thengul yaiku wayang kang awujud golek.
4. wayang klithik/ krucil yaiku wayang saka kayu digawe saemper (mirip) wayang kulit, nyritakake lakon Damarwulan.
5. wayang kulit yaiku wayang sing digawe saka lulang (kulit kewan ternak), nyritakake lakon Pandhawa.
6. wayang madya yaiku wayang kulit kang nyritakake lakon ing antarane jaman purwa karo crita anyar.
7. wayang purwa yaiku wayangkulit.
8. wayang potehi/ cina yaiku wayang golek nyritakake lakon cina.
9. wayang wong yaiku wayang sing dilakonake wong (njoged sarta digameli).
Ubarampe/peralatan pagelaran wayang :
1. Pluntur yaiku tali/tampar dianggo nggantung rericikaning gamelan.
2. Janget yaiku tali lulang kanggo nyencang kelir.
3. Kelir yaiku lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing (bayangan) wayang lulang/ kulit.
4. Blencong yaiku diyan/ lampu nganggo tedheng dianggo madhangi wayang.
5. Klanthe yaiku tali gong.
6. Jala-jala yaiku tali lulang dianggo mbedheng kelir.

Langganan:
Postingan (Atom)