Rambu-rambu Lalu Lintas bisa dikelompokke dadi 4 kaya ing ngisor iki:
1. Rambu Penget/Ngelingake (Peringatan)
2. Rambu Pituduh (Petunjuk)
3. Rambu Pamenging (Larangan)
4. Rambu Prentah (Perintah)
1. Rambu Ngelingake, yaiku rambu kang ngelingake supaya para pengemudi ngati-ati anggone padha nglakokake kendharaane. Biasane rambu iki werna dhasare kuning kanthi list (garis pinggir) ireng.
Conto :
2. Rambu Pituduh, yaiku rambu kang menehi pituduh (petunjuk) utawa katrangan marang pengemudi utawa sing nggunakake dalan liyane. Biasane werna dhasare ijo kanthi tulisan putih.
Conto :
3. Rambu Pamenging, yaiku rambu kanggo menging/ nglarang sapa wae utawa apa wae sing nggunakake dalan. Biasane werna dhasare putih kanthi list abang lan gambar/tulisan putih utawa ireng.
Conto :
4. Rambu Prentah, yaiku rambu kanggo mrentah kabeh sing nggunakake dalan. Biasane werna dhasare biru utawa abang kanthi gambar/ tulisan putih.
Conto :
(Terjemahan bebas saka Wikipedia/Rambu Lalu Lintas)

