Rabu, 16 Januari 2013

Rambu-rambu Lalu Lintas

         Rambu-rambu Lalu Lintas, yaiku kabeh pituduh kang ditujokake kanggo para pengemudi ing dalan. Ana sing isine tulisan, angka-angka, huruf, lan gambar. Warnane uga ana sing abang, biru, utawa kuning.
Rambu-rambu Lalu Lintas bisa dikelompokke dadi 4 kaya ing ngisor iki:
         1. Rambu Penget/Ngelingake (Peringatan)     
         2. Rambu Pituduh (Petunjuk)
         3. Rambu Pamenging (Larangan)
         4. Rambu Prentah (Perintah)
A2Warrego.svg                    

1. Rambu Ngelingake, yaiku rambu kang ngelingake supaya para pengemudi ngati-ati anggone padha nglakokake kendharaane. Biasane rambu iki werna dhasare kuning kanthi list (garis pinggir) ireng.
Conto :
       

2. Rambu Pituduh, yaiku rambu kang menehi pituduh (petunjuk) utawa katrangan marang pengemudi utawa sing nggunakake dalan liyane. Biasane werna dhasare ijo kanthi tulisan putih.
Conto :
        

3. Rambu Pamenging, yaiku rambu kanggo menging/ nglarang sapa wae utawa apa wae sing nggunakake dalan. Biasane werna dhasare putih kanthi list abang lan gambar/tulisan putih utawa ireng.
Conto :
      

4. Rambu Prentah, yaiku rambu kanggo mrentah kabeh sing nggunakake dalan. Biasane werna dhasare biru utawa abang kanthi gambar/ tulisan putih.
Conto :
       
                                                                             (Terjemahan bebas saka Wikipedia/Rambu Lalu Lintas)


Tidak ada komentar: